Sabtu, 20 Juli 2013

KKG MACAPAT

KKG TEMBANG JAWA
Jam 7.00 nganti jam 10.00 siswo siswi kelas III lan IV nerusake kegiatan Pondok Romadhon. Dino iki Pondok Romadhon kang pungkasan tumrap kelas III lan IV. Sesuk Senen dibacutake karo Kelas I lan II.
NARA SUMBER HARI SABTU, 20 JULI 2013

 Sawise siiwo siswi kelas III lan IV mulih, banjur diterusake KKG Basa Jawa, bahas Surat Keputusan Gubernur Jawa Timur No. 188/188/KPTS/013/2005 ngenani Kurikulum Mapel Basa Jawa kang isih tetap dienggo pathokan, senajan wis ono Kurikulum Anyar tahun 2013. Banjur diteruske Workshop Tembang Macapat kang wis didadekake VCD Pembelajaran. Konco-konco guru senajan ora paham nanging seneng. Kabeh padho nyolokake Flasdish lan jupuk Materi Kurikulum Basa Jawa karo Tembang Macapat kang cacahe ono 11. Mugo-mugo nunggu buka karo nyetel VCD tembang Macapat saya gayeng anggone bebuko karo sakeluargo. 

Ing Wektu iku ugo ono KKG kang awujud Carane mulang nganggo Media Pembelajaran CD Room lan Pola Pembelajaran nganggo VCD. Sekolah wis nyiapake TV 32 Inci kabehi 3 lan DVD player kang cacahe ugo ono telu. Mugo-mugo konco-konco Dwijo anggone mulang muruk marang siswo biso mancep ing alam pikirane dhewe-dhewe.

Coba iki ono Tembang ! Ayo disimak !





Tidak ada komentar:

Posting Komentar